Pidato Bahasa Jawa ( Nguri-uri Kebudayaan Jawa )

Assalamu’alaikum wr.wb.

Bapak ibu Juri ingkang kula hurmati, bapak ibu bapak ibu guru saha karyawan ingkang pantes suhudarsono.
Kula ing kaludangan menika mangga kula lanpanjenengan ngaturaken puja puji syukur dumateng gusti allah swt.kula lan panjenengansaget makempal ing acara lomba pidato iki para rawuh ingkang minulya.
Kula bade ngaturakake  Nguri-nguri kebudayaan Jawi.
Dumadakan tuwuh pitakonan ing pamikirku: Apa toh sing sejatine dikarepake ing ukara "ayo padha nguri-uri kabudayan Jawa"? Wujude kepriye? Yen aku seneng ngrungokake wayang kulit, uyon-uyon, nonton kethoprak, lsp.; apa iku wus klebu 'nguri-uri kabudayan Jawa'?
Ing postingan sadurunge aku wis tau nggepok senggol bab basa lan tulisan Jawa (carakan) sing racak-racake wis ora pati dipigunaake ing generasi saiki kanthi ganep. Akeh sing ngarani yen generasi saiki wus ngalami 'kemerosotan' ngenani kesadharan budayane. Mapanake awak ing urip padinan minangka jejering wong Jawa wus ora pati digatekake maneh. Mbokmenawa ya isih, nanging ora 'mudheng' apa sejatine sing lagi ditindakake. Bara-bara ditindakake, kepara malah akeh tradisi-tradisi paringane leluhur sing wus ilang, ora ana maneh.
Ana sawetara conto sing bisa kasebut: Kadang tani ing pradesan, sadurunge panen mesthi gawe sesajen lan upacara cilik sing diarani wiwit. Tradisi iki isih ana, nanging apa tegese, akeh sing ora mangerti. Saben dina riyaya Lebaran (Idul Fitri) mesthi padha gawe ketupat, nanging maknane apa, ya akeh sing ora mudheng. Aku isih kelingan jaman isih cilik biyen, saben ngarepake Lebaran, warga sakampung padha dikepyakake supaya ngrakit pager anyar sing banjur dilabur nganggo kapur. Saiki, sajake wus ilang ora ana maneh...
Ing wayah sore sadurunge turu, bapak utawa simbahku biyen kerep ndongeng. Donyaning kewan keprungu nyenengake, kaya donyaning manungsa. Jamane para Nabi lan Babad Tanah Jawi kaya-kaya kelakon maneh ing ngarep mripat. Ora mung emosi agresif sing katut kagawa rikala ngrungokake dongeng perang, utawa inspirasi kreatif rikala ngrungokake pokale kewan-kewan, nanging tradisi story-telling lumantar dongeng iku bisa nggladhi olah rasa-cipta-lan-karsa tumraping bocah sing didongengi. Bungahe ngrungokake dongeng sadurunge turu wektu iku (isih bocah) ora kalah tinimbang karo nonton film box-office (bareng saiki wis gedhe). Rasane ora sabar nunggu dongeng candhake mbesuk sorene. Apa saiki tradisi ndongeng iki isih akeh ditindakake ing omah dening bapak-bapak?
Tuladha liya ing bangku sekolahan: Mbokmenawa murid-murid saiki isih nampa piwulang bab tembang-tembang macapat, kajupuk saka seratane para pujangga misuwur, sing isine akeh pitutur-pitutur becik mungguhing urip. Kayata saka Serat Wulangreh lan Serat Wedhatama. Mung emane, sajake saiki mung dadi 'kawruh' apalan sing ngebot-boti gundhule bocah-bocah. Kaendahan lan adiluhunge tembang-tembang iku prasasat dadi mbleret, ora gawe sengseme bocah-bocah nanging malah marahi stress! Sing endah lan adiluhung iku malah dadi mboseni! Temahan, piwulang luhur sing kamot ing tembang-tembang iku angel cumenthel ing ati. Kawruh budaya, sejarah, lan ngelmu urip sing maune katurunake lumantar tembang-tembang iku dadi rendhet ora tekan. Bocah-bocah saiki umume ora padha nyandhak yen diajak guneman bab tembang-tembang Mijil, Kinanthi, Mas Kumambang, Dhandhang Gula, lsp. Apa maneh nembangake!
Awake dhewe akeh sing wis padha lali utawa kapedhotan tresna marang tradisi kabudayan luhur warisane para simbah. Merga kahanan, perkembangan jaman, utawa merga pancen kadhung ora dikenalake marang warisan-warisan budaya iku dening pihak-pihak sing magepokan karo bab iku. Lha, trus kepriye?!
Para rawuh ingkang minulya, menawacekap semanten atur kula mbok bilih enten klenta klentunipun atur kula nyuwun pangapunten ingkang kathah.
Wassalamu’alaikum wr.wb.

Share this

Related Posts

Previous
Next Post »